Halaman

Senin, 20 Juli 2020

AJAR BASA JAWA

WULANGAN 1 : PRASTOWO ALAM

Prastowo alam yaiku sawijining kedadeyan kang dumadi ana salah sijining panggonan lan nglibatake apa wae sing ana ing ndonya iki kayata kedadean lindhu, banjir, gunung njeblug, udan angin lan sak panunggalane.

A. Wacanen sing patitis!
       Udan deres sing medhun kira kira relung jam suwene ing Situbondo Jawa Timur, Dina Senen sore marakake banjir lendhut lan krikil nutup dalan Pantura.
       Merga lendhut lan material watu iku nutup dalan Pantura, nuli arus lalu lintas macet saka arah Surobaya menyang Banyuwangi lan sakwalike nganti luwih saka sekilo.
       Sakwise oleh kabar BPBD nerjunake petugas, kabantu Satpol PP lan polisi lalu lintas menyang lokasi banjir kanggo ngreseki material singg nutupi dalan Pantura kandele kira kira rong sentimeter. Dina Senin bengi, arus lalu-lintas bisa kena kanggo liwat kanthi pola gentenan Utawa bukak tutup amarga separo dalan isih lunyu lan kebak lendhut.


B. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki!
1. Tulisen tembung-tembung sing durung kok ngerteni ing wacan dhuwur!
2. Coba tulisen 3 Prastowo alam sing wis tau koklakoni.
3. Gawea Crita Prastowo alam sing wis tau koklakoni, tulisen ana bukumu!




Tidak ada komentar:

Posting Komentar