Halaman

Senin, 27 Juli 2020

PATEMON 2: Tembung Katrangan

Tembung Katrangan yaiku Tembung kang mratelakake katrangan marang Tembung kriya, Utawa saliyane Tembung Aran. Tembung Katrangan jenise ana papat yaiku:
1. Tembung Katrangan sing nerangake kriya, Tembung Katrangan iki disambung Tembung kriya.
Tuladha:
a. Bawa lan Niken padha maca buku.
b. Bapak dereng sare.

2. Tembung Katrangan sing nerangake kahanan, Tembung katrangan iki disambung Tembung kahanan.
Tuladha: 
a. Sirahku rada mumet, aku ora dolan.
b. Sandhangane sarwa Endah.

3. Tembung Katrangan sing nerangake wilangan, Tembung Katrangan iki disambung Tembung wilangan.
Tuladha:
a. Ulangan Basa Jawa bijiku kira-kira sangangpuluh.
b. Dhuwure mung satus patang puluh lima sentimeter.

4. Tembung Katrangan sing dicambor.
       Tembung Katrangan sing dicambor yaiku: mbakmenawa, durung tahu, ora bisa, ora arep, lan liya-liyane.
Tuladha:
a. Ibu mbok menawa ora kondur.
b. Bawa durung tahu numpak montor mabur.



Ayo Gladhen!
Wangsulana pitakon-pitakon ing buku paket basa Jawa kaca 8-9.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar