Halaman

Senin, 03 Agustus 2020

PATEMON 3: NULIS KARANGAN

Kelas lima lagi latihan nulis karangan. Pak Bawa lagi nerangke carane nggawe karangan. Bocah-bocah nggateke kanthi seneng. Coba gatekna carane nggawe karangan ngisor iki!

1. Sadurunge nulis karangan, luwih ndhisik gawea warangka karangan. Warangka karangan ana telu, yaiku:
a. Pembuka karangan
b. Wose/isi karangan
c. Panutup karangan

2. Nalika gawe warangka karangan sing kudu digateke yaiku:
a. Nemtokake tema
b. Gawe warangka karangan miturut tema
c. Nemtokake irah-irahan kang trep karo tema.

3. Gawe warangka karangan.
Tuladha:
Tema karangan: Prastowo Alam
Irah-irahan: Banjir
a. Pambuka
     1) Pentinge njaga lestarine alam.
     2) Conto menawa ora njaga lestarine alam
     3) Conto menawa bisa njaga lestarine alam.
 b. Wose/Isi karangan
     1) apa wae sing njalari banjir.
     2) paedahe njaga supaya ora banjir.
     3) kapitunan menawa banjir.
c. Panutup
     1) alasan njaga supaya ora banjir.
     2) pangajak supaya ora kena banjir. 



Ayo Nyoba!
Gawea karangan kanthi milih salah siji irah-irahan ngisor iki! Aja lali tata urutan gawe karangan kang bener!
a. Banjir
b. Lindhu
c. Gunung Jebluk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar