Halaman

Senin, 14 September 2020

PATEMON 3: TEMBUNG RANGKEP (DWILINGGA)

Tembung RANGKEP (DWILINGGA) ana 4 werna yaiku:
a. Tembung lingga sing dirangkep wutuh.
Tuladha: udan-udan, mlaku-mlaku, wong-wong, lan liya-liyane.
b. Tembung lingga sing dirangkep kanthi owah-owahan swara (salin swara)
Tuladha: ngguya-ngguyu, nongas-nangis, bola-bali, lan liya-liyane.
c. Tembung rangkep mawa imbuhan.
Tuladha: pandeng-pandengan, sawat-sawatan, sawat-sinawat, nyawat-nyawati, sawang-sawangan, sawang-sinawang, lan liya-liyane.
d. Tembung sing wujude memper Tembung rangkep wutuh lan salin swara nanging sejatine dudu. Tembung rangkep iki diparani tembung rangkep semu.
Tuladha: paru-paru, angga-inggi, ali-ali, gojag-gajeg, ontag-anting, lan sakpanunggalane.


Tugas!
Kerjakan ayo gladen hlm 25-26 nomor 1-10 dibuku basa jawamu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar